Têmbang Macapat 6 (Méga Mênḍung)

MÉGA-MÊNḌUNG

Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra

Aja Sênêng Goroh

Têmbang Macapat Gambuh
 
(1)
Yèn simbah nêmbang gambuh,
bocah-bocah paḍa pating brêkuh,
mbuh-mbuh êmbuh jaré bosên paḍa nêbih,
bapak ibu paḍa ngguyu,
wit swarané simbah bléro.


(2)
mBah wédok prêngat-prêngut,
léngarani wong tuwa ra nyêbut,
tobat-tobat aku bosên sabên bêngi,
tansah krungu têmbang gambuh,
mbok inggih mpun kèndêl mawon.

(3)
mBah lanang ngguyu ngguguk,
hah hah hah hah karo watuk-watuk,
é é nyai jênang gula aja lali,
rèhning tuwa ora uwur,
sêmbur-sêmbur anggêr klakon.

(4)
Wruhanta anak putu,
wanti-wanti ing pitutur ingsun,
poma sira aja gumampang nglakoni,
pakulinan kang mêmatuh,
nênuntun mring watak goroh.

(5)
Wit goroh nora lugu,
yèn wis manggon anumusi laku,
gampang saguh nanging arang kang kêpanggih,
kang kêtanggor têmah mundur,
amaido jroning batos.

(6)
Kalamun wus kêbanjur,
kapitayan mring angganta luntur,
nadyan têmên ujarira lair batin,
kang miyarsa durung têmtu,
ngandêl trusing lair batos.

(7)
Lan manèh yèn kêpatuh,
isih bocah durung ngrêmbug butuh,
uwis goroh ora lurus jroning ati,
tan-tan tuman têmah tumus,
numusi mring watak awon.

(8)
Bêbrayan datan butuh,
wong kang goroh mung pawitan wuwus,
sing uwis-uwis dadi wisa jroning urip,
dupèh ilat tanpa balung,
nyêlêd ujar gampil mawon.

(9)
Dadiné ora wurung, 
wani wirang mung gêgaran rêmbug,
umbag umuk onggrongan sabarang kardi,
anggêgampang sagung laku,
jroning nala tan gumolong.

(10)
Marmanta anak putu,
dèn wêwéka samubarang laku,
tandang tanduk solah bawa muna muni,
duga-duga aywa kantun,
têtalêsing karahayon.

Gambar kapênḍêt saking Serambi Indonesia. Waos ugi macapat sanèsipun sèri 1, 2, 3, 4 saha 5. 
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Yuk Gabung

Total Pengunjung

Penunjung