Têmbang Macapat 1 (Méga Mênḍung)


Sèri têmbang macapat mênika mligi ngêwrat karanganipun R. Ng. L. Tédjasusastra ingkang sampun kaimpun dados buku ingkang judulipun Méga Mênḍung.
Rikala sêmantên kagêm pêdoman sekolah rakyat wontên ing Jogja lan Solo. Jagad Jawa namung ḍapur nyalin sabên pérangan sub judulipun. Dados ing mangkénipun dados artikêl sèri, ing pangajab mbotên njuwarèhi saha mbotên mbosêni para kadang Jagad Jawa anggènipun maos. Mbok bilih kadang sutrêsna Jagad Jawa wontên ingkang kêsdu nyêrat wontên ing blog mênika, kêpara katuju ing ênu, sangêt bingahing manah kula. Matur Nuwun.


MÉGA-MÊNḌUNG
Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra
Tanah Wutah Gêtihku 
Têmbang Macapat Maskumambang 

(1)
Ima pita angênguwung jroning wêngi, 
lir wong wungu néndra, 
kuwangkungên myating jawi, 
wus katon paḍang trawangan. 

(2)
Tranggana tarap tirahing wiyati, 
lir wong mara séba, 
katêmbèn giliring wanci, 
katon sêmbada awijang. 

(3)
Kang sasangka lir jinangka urut pinggir, 
pinḍa pinagêran, 
têturus pinancak suji, 
katon téjanya liwêran. 

(4)
Jroning ratri tata têntrèm ngantarani, 
ron­-ron taru lata, 
tinon antêng tan kumitir, 
maruta tan lumaksana. 

(5)
Tinon ngégla tanggul munggul anggaligir, 
galêngaan gêgulan, 
sawah têgal dèn tanduri, 
riyu-riyu angrêmbaka.

 
(6)
Sumarambah ora pilih lêbak inggih, 
nadyan lambung arga, 
pinggir jurang pèrèng kali, 
kêbak tanduran tan sêla. 

(7)
Kali kalèn lumintu kang tirta kéngis, 
wangan lan susukan, 
pating srèwèh angoncari, 
sawah-sawah kawaratan.

(8)
Lamun mulat kang gumêlar kabèh kuwi, 
mongkog tyas rumasa, 
darbé tanah wutah gêtih, 
loh jinawi gêmah ripah.

(9)
Kang mijèni karaharjan lair batin, 
tuking katêntrêman, 
karahayoning dumadi, 
pinayungan kayuwanan.

(10)
Marmanira wajib kudu paḍa njagi, 
mrih adêging praja, 
ajêg jêjêg anjalari, 
karaharjanirèng gêsang.


sêdaya gambar kapênḍêt saking Googlê kanṭi kata kunci Tanah Airku Indonésia.
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Yuk Gabung

Total Pengunjung

Penunjung