Têmbang Macapat 2 (Méga Mênḍung)



MÉGA-MÊNḌUNG
Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra

 Sing Srêgêp
Têmbang Macapat Pucung

(1)
Timbang nganggur, gagasané dadi nglantur, 
angur nambut karya, 
apa-apa ditandangi, 
wit ngêrtia wong nganggur bantalé sétan.

(2)
Sétan gunḍul, gunḍul pacul cungal-cungul,
gambaring gagasan,
kang nglamut têmah numusi,
mring piala pepolangé nora ana.

(3)
Jèn kêtungkul, nambut karya dotan tukul,
pikiran kang mokal, 
mungkul sawiji nambutkardi,
marmanira sing wekel sabarang karya.

(4)
Ora patut, uwong urip kêbak sêbut,
sambat karibêtan,
wit kabotan nambut kardi,
sajatiné abot akèhing gawéan.

(5)
Mung yèn durung, linakonan sajak bingung,
barêng tinandangan,
têkaning ndon jêbul gampang,
ngêrti-ngêrti uwis rampung tan karasa. 

(6)
Mula mumpung isih ênom aja manggung,
nganggur sangga uwang,
ngumbar gagasan tan yogi,
prayogané nyambut gawé sabisanya.

(7)
Ora éwuh milih pakaryan kang mungguh,
anggêr ora wêgah,
suwé-suwé mêsṭi manggih,
pagawéan kasar alus datan kurang.

(8)
Timbang njêtung ati pêtêng tansah bingung,
tanganmu obahna,
sapu sulak wis ngêntèni,
kuḍi pacul bênḍo arit wus sadiya.

(9)
Kabèh saguh angréwangi golèk butuh, 
pês-apêsé nyumbang,
ngènṭèngaké sanggan urip,
bisa nyuda bot répoting yayah réna.

(10)
Bénjingipun dadi prigêl datan kiḍung,
srêgêp tan wêgahan, 
barang karya angrampungi,
marmanira kulinakna wiwit muda.

 Katuran kampir dhatêng: TÊMBANG MACAPAT 1 (Méga Mênḍung)
Pêpênṭan kapênḍêt saking Googlê, kanṭi sandi RAJIN BELAJAR.
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Yuk Gabung

Total Pengunjung

Penunjung