Têmbang Macapat 5 (Méga Mênḍung)

MÉGA-MÊNḌUNG


Karanganipun: R. Ng. L. Tédjasusastra

Kaduk Rasa Kurang Pikir

Têmbang Macapat Mijil

(1)
Kucing gêring nak-énak kêkaring,
ngalémprak néng payon,
sajak ayêm têntrêm sawangané,
kambi ḍiḍis lawan andilati,
mrih wuluné klimis,
lêmês sarta alus.

(2)
Têmah lali nalangsaning urip,
marganing rêkaos,
kurang mangan sadina-dinané,
awit mèlu nini-nini miskin,
manggon omah cilik,
bobrok mung sagubug.

 (3)
Durung tau salawasé urip,
mangan kang miraos,
sabên dina amung ngrasakaké,
sêga abang sapulukan cilik, 
nadyan isih ngêlih,
ora kêna imbuh.

(4)
Duk samana kalané kêkaring,
dilalah tumonton,
kucing lêmu kalimis wuluné,
lêngkèt-lêngkèt lakuné mantêsi,
énggal dèn takoni,
wangsulané nggalur.

(5)
Sumurupa kowé kucing gêring,
aku kucing kraton,
sabên dina mangan iwak baé,
sêmur bêstik êmpal ḍènḍèng ragi,
nganti bosên mami,
mula aku lêmu.

(6)
Mula bêcik mèlua wak mami,
ayo mlêbu kraton,
lamun kowé arêp ngrasakaké,
timbang kowé mèlu nini-nini, 
salawasé urip,
mangan sêga mambu.

 (7)
Kucing gêring ora nganggo mikir,
éwuhing lêlakon,
énggal-énggal pamitan lurahé,
nini-nini tan kênḍat nuturi,
bangêt anggonḍèli, 
nanging tan dèn gugu.

(8)
Kucing loro samêngko wus manjing,
nèng sajroning gêḍong,
ingkang pêpak ḍaharan isiné,
barêng wêruh êmpal anèng piring,
énggal njupuk siji,
digonḍol lumayu.

(9)
Ingkang njaga kagèt nyêkêl lading,
binalangkên cêprot,
nancêp wêtêng dalèwèran gêtihê,
êmpal tiba lading isih kanṭil,
énggal mlayu mulih,
têkan omah ambruk.

(10)
Nini-nini gugup amrêpêgi,
lading wus cinopot,
kucing gêring rumangsa luputé,
katon gêtun kêduwunging ati,
déné kumowani,
ninggal mring pitutur.

Gambar kapênḍêt saking Bersatulah.com. Waos ugi macapat sanèsipun sèri 1, 2, 3, saha 4.
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Yuk Gabung

Total Pengunjung

Penunjung